PUISI GUNUNG

Ooh Gunung …
Kaendahanmu…
Ngawe mripat pingin
Nguasno awakmu

Nanging ing njero wetengmu
Ono lahar ingkang panas
                    Gunung …
Sawektu lahar iku muncrat
Kali podho banjer kabeh
Manungso phodo mlayu dewe-dewe
Kewan-kewan phodo Kabingungan
Kaendahan desa, kaendahan sawah lan wit-witan ilang kabeh, semburat kabeh
Opo awakmu nyemburno laharmu
Krono di kongkon gusti kito
Gusti  ingkang maha kuasa
Nguasai sak alam jagad raya
Dhuh gusti …
Opo panjenengan murka
Marang manungsa
Sing isone ngusak alam iki
Saumpomo iso njogo
Bencono ora kiro nyeluki
Nanging kate yok opo
Kabeh podho ora gelem
Koncoan ambek manungso
Nanging aku ora bisa apa-apa
Bisane mung dungo

Marang gusti kang maha kuasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar