CONTOH PIDATO BAHASA JAWA

Pendidikan

Jumateng poro Bpk, poro ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati...

Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng alloh swt ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, ni’mat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. nanging leres-leres golek
pengetahuan agomo. pengetahuan sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. shoho pengetahuan sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.

Poro rawuh ingkang kaulo hormati lan kaulo cintai...
sebagai pengajak kulo monggo iang waktu meniko kulo lan panjenengan samiho kemauan ngaji. kemauan ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. keranten pancen dados tiyang islam lho pak ? ! bu ? ! ngaji niku harus tumrap kito sedoyo. kanjeng Nabi Muhammad SAW. nate dawoh :
Artosipun inggih meniko: 
“Bilih pados pengetahuan meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri“
soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados pengetahuan meniko adalah sistem ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun serta didalam situasi bagaimanapun. dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep keharusan pados pengetahuan.

Poro rawuh ingkang kulo hormati...

Amergi tiyang niku menawi boten gadah pengetahuan senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, namun boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual.
Tiyang niku menawi boten gadah pengetahuan, ngamalipun boten dipun terimo dening alloh. mardudatun laa tugbalu.

Pramilo sangkeng meniko, monggo poro rawoh sedoyo terlebih adik-adik lan generasi muda-mudi remaja Islam. kito tingkataken anggen kito studi. supados benjang angsal pengetahuan ingkang katah lan manfaat soho pengetahuan ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. perihal meniko pas kalian dawohipun alloh wonten al-qur’an, surat al-mujadalah ayat 11
Artosipun Ayat meniko :

“Allah SWT. bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi pengetahuan dateng pinten-pinten derajat“
Namun sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi pengetahuan boten saget ngaji lan boten purun studi lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten pantas, sampun ketinggalan masa. amargi, niki sampun masa merdeka boten kados masa penjajah. sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan. pramilo monggo kito tingkataken anggen kito studi, pados ilmu dan pengetahuan ingkang kathah. soho dumateng poro Bpk, ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun. keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan pengetahuan agama. niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. menawi kentandang gaweh boten purun. sa’bendino ngente’no sego, jaluki uang, di papari boten manut, karo ibu nesu, karo Bpk galak, karo embah mbantah, karo kakang mbangkang, karo paklek mendelik, karo pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. diajar nangis, kon minggat boten budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu akheripun tiyang sepuhipun namung sulit, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe jadi mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh sulit menopo boten ? poro Bpk poro ibu ? mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados lare ingkang bermanfaat untuk agama, bangsa lan negoro, soho ingkang saget menjunjung tinggih harkat lan martabat tiyang sepuhipun kaleh. ingkang pas dawohipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Artosipun inggih meniko :

“Sa’bagus-baguse tiyang yoiku sing manfaat marang, tiyang liyane“

Poro rawo ingkang kaulo hormati lan kaulo cintai...

Mekaten, cekap semanten atur kulo, mugi-mugi saget bermanfaat kangge kito sedoyo. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah

17 agustus 1945
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.
Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersa-nipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih meniko arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia. Lan dinten niki kito sedoyo ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping;……Mugiyo bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur.
Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo ingkang estu-estu purun ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang niki.
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kito sedoyo raos syukur ateges ngelampahi nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki. Kito sedoyo selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kito isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih meniko arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu-lintunipun.
Lan kito sedoyo sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kito tepatipun wulan Agustus ngengeti dinten ulang tahunipun. Sedoyo niku ngerupekaken kangge ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kito dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo lan ugi dumateng sedoyo bangsa Indonesia.
Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo khususipun lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia. Saking niku kemerdekaan meniko kedah estu-estu kito sedoyo syukuri. Keranten saget kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng sakterusipun. Kados dawuhipun Allah inggih meniko artosipun :
“Menawi kito sedoyo gelem syukur atas nikmat-nikmat Allah, mongko ditambahi dening Allah. Lan ananging menawi kito niku ingkar nikmat-nikmat Allah, mongko kito bakal angsal adzabipun Allah ingkang langsung Maha Dahsyat.”
Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.
Kito kedah nyumerapi, Allah swt. nyiptakaken menungso wonten ing dunyo niki supoyo mados sangu ing kemerdekaan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu supados dados umat ingkang bertakwa ingkang purun ngajak dumateng kesahenan. merintah marang ingkang sahe lan nyegah saking keawonan. Milo saking niku, insya Allah kelawan ngelampahi kados niku negari bade langkung cepet nuju ingkang dipun cita-cita-aken dados negari ingkang aman lan tenterem, adil lan makmur sedoyo masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah swt. wonten Al Qur’an. serat Al A’raaf, ayat 96, ingkang artosipun :
“Lan Lamon penduduk deso utowo negoro iku podho iman lan takwa marang Allah, Allah bakal nurunaken berkah (rizeki songko langit lan bumi, nanging menowo penduduk deso mahu podho durhoko, ngelakoni lelampahan maksiyat, lan ngelakoni lelampahan-lelampahan doso, Allah bakal nurunaken sikso marang penduduk mahu, koyo mengkono iku keran-ten lelampahanipun deweke kabeh.”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Mugiyo kito sedoyo saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan. Akhirul Kalaam. Wassalamu’alaikum Warahma-tullahi Wabarakaatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar